SEJARAH DESA
admin 30 April 2014 17:20:39 WIB
SEJARAH SINGKAT BERDIRINYA KALURAHAN JETIS
Adeging Kalurahan Jetis
Adhedasar no siji yaiku IGO Inlandse Gemeeten Ordonantie (IGO) Staatblad 1906 nomor 83Sadurunge jaman Negara Kesatuan Republik Indonesia, pamarintah desa ngugemi Ordonansi Desa, saking Pamarintah Hindia Belanda yaiku Inlandse Gemeeten Ordonantie (IGO) Staatblad 1906 nomor 83, katitimangsan 03 Februari 1906. Miturut IGO 1906 kang sinebut ana ing Staatblad no 83 ngandharaken menawaanane paugeran babagan Desa diatur ana ing IGO 1906. kapan pamarentahan Desa iku ana, mligine babagan pamrentahan desa . IGO 1906 iki uga ngandharaken babagan pamarintah desa, mawi sebutan (numenclatur) kalurahan, dipunakeni minangka Badan Hukum resmi. Kalurahan dipimpin dening lurah lan saprangkatipun kang diarani Pamong Desa. Paugeran iki dihurmati lan diterapaken dening Kasultanan Ngayogyakarta,
Awit menawa dumadine daerah ana ing Jetis wis ana paprentahan kanthi hukum dasar tradisional ateges dumadi sadurunge Undang-undang menika iku ana. Kaya kang tinemu ana Djetis. Tembung Jetis sampun wis ana sadurunge tahun 1906. Anane kagiatan masyarakat kang awujud perkumpulan masyarakat bisa tinemu wiwit taun 1827. Pemimpin kang tinulis saka tahun 1827 kayata:1. Bapak, Solikhin minangka bekel sepuh ( 1827-1850)2. Bapak Pontjoirono ( 1851-1895)Minangka Lurah sepisanan sadurunge anane undang-undang desa.3. Selaminipun 1896-1898 Vakum
Banjur dhasar hukum kang kaping pindho, Kasultanan Ngayogyakarta Hadiningrat nerbitaken Rijksblad nomor 12 tahun 1916, tanggal 17 Mei 1916, kebeneran tanggal kaping 14 wulan Rajab tahun 1846 Jawi. Isine yaiku netepake Kabupaten Gunungkidul minangka bagian saking Negari Kasultanan Ngayogyakarta. Paugeran iki dipun tapakastani uga saking Residen Yogyakarta minangka badal wakil Pamarintah Hindia Belanda.
Ing Rijksblad van Jogjakarta nomor 12 tahun 1916, tanggal 17 Mei 1916, nyebut jeneng Jetis kala semana sinebut Njetis kulon minangka perangan saka Onderdistrik Paliyan Miturut Peraturan Pamarentah Republik Indonesia Nomer 23 Tahun 1995 babagan Pembentukan Kecamatan wonten Wewengkon Kabupaten Gunungkidul , Propinsi DIY ingkang ngemot babagan pemekaran wilayah kabupaten Gunungkidul, arupa ngadegake Kapanewon Gedhangsari lan Saptosari. Kalurahan Jetis kang maune mlebu wewengkon kapanewon Paliyan banjur mlebu kapanewon Saptosari kaya kang tinulis ana Undang-undang pamarintah Nomer 23 Tahun 1995 babagan Pembentukan Kecamatan wonten Wewengkon Kabupaten Gunungkidul , Propinsi DIY .
Madege Kalurahan Jetis ora uwal saka sejarah paprentahan Gunungkidul. Ana ing STAATSBLAD 1928 No 236 tinulis menawa Jogjakarta kebagi ana 2 Kabupaten yaiku Jogjakarta lan Wanasari Miturut Dokumen ingkang tinemu, ngandharaken yen Gunungkidul kang kawentar kanthi aran AFDEELING Goenoeng Kidoel wilayahe District Plajen, Wanasari, lan Semanoe. Iki ateges Desa Jetis utawi cikal bakal Desa Djetis mlebu Distrik Playen. Utawa sakiki sinebut Kapanewon Playen. Banjur taun 1927 kapisah dadi districk Paliyan. Sakwise pemekaran wilayah Desa Jetis mlebu Kapanewon Saptosari
Adeging Kalurahan Jetis ngenut lumakuning desa ing tlatah Ngayogyakarta. Dumadine Kalurahan Jetis kawiwitan saka Lurah :
- Wongso Rejo/mbah Tembong ( 1899 – 1946)
Kaya kang wis diandharake ana dhuwur, menawa sakdurunge anane undang-undang desa, iki ateges sadurunge istilah lurah, pemimpin wonten desa utawi sajenisesinebut kanthi sebutan perabot. Panjenengane Wongso Rejo mimpin Jetis wiwit taun 1899, ananging miturut undang-undang kang berbadan hukum, Panjenengane Wongso Rejo madeg sinebut lurah wiwit taun 1916 kaya kang tinulis ing Rajiksblaad 1916.
- Tjipto Sudarmo / Suwandi ( 1947-1956).
Lurah Cipta Sudarmo minangka salah sakwijining lurah Jetis kang tinulis ana arsip BPAD kang ngemot daftar Lurah lan Pamong ingkang angsal Tunjangan.
- Noto Sudarjo ( 1956 – 1968)
- Wirjodimedjo (1968-1990)
- Ngamari (1990-1993) minangka PJ Lurah
Lurah Ngamari iku minangka PJ lurah awit lurah sakderenge yaiku Wirjodimedjo seda, sadurunge masa jabatan lurah menika entek.
- Margiyo , Sos ( 1994-2002)
- Wagiran, A.Ma.Pd ( 2002-2012)
- Sunarso, S.IP ( 2012 – 2018)
- Sumarwoto, S.E (2018)
Lurah Sumarwoto minangka PJ Lurah sakwise Bapak Sunarso, S.IP kang suwene 4 sasi.
- Agus Susanto, SKM ( 2018 – saiki)
Sabanjure ana ing ngisor iki perabot/pamong ingkang ambiyantu lurah urut saking lurah sepisanan dumugi sakmenika:
CARIK
- Sastro Diharjo (mojosari)
- Hardjowijono/Sumardi (cekel)
- Ngadenan/ Adi Prayitno (jetis)
- Ngamari (jetis)
- Pargiyono (tmg)
- Paeran ( karang)
- Subektiasih, (jetis)
JAGABAYA
- Wiryo rejo (karang)
- Pontjo Sentono (cekel)
- Sugiyono, B. sc (jetis)
- Agus Suyatno (temanggung)
KAUM/KAMITUWA
- Parto Sutono (cekel)
- Umarjadi (cekel)
- Sugeng (jetis)
- Isdaryanto (cekel)
KEMAKMURAN/ULU-ULU
- Tjipto Wiyono (dondong)
- Sapargi (jetis)
- Suparyadi (cekel)
SOSIAL/DANARTA
- Noto sudarjo(mojosari)
- Wiryo Dimejo (tmg)
- Muksin (dondong)
- Adi Sunarno (jetis)
- Margiyono (Mojosari)
- Eni Indrawati
DUKUH JETIS
- So Karno
- Mugi Sunarto
- Sumidi
DUKUH TEMANGGUNG
- Hardjogijono
- Sastro Suwarno
- Agus Suyatno
- Darwati
DUKUH CEKEL
- Tomo Wiryo
- Atemo Dimejo
- Sarmidi
- Dawud Arasyid
DUKUH DONDONG
- Ahmad Wiryadi
- Kromo Djemiko
- Muksin
- Marto Dikromo
- Mardi Utomo
- Sukar
- Sukamto
- Karyono PJ.
- Wagirin
DUKUH MOJOSARI
- Rono Pertomo
- Margiyono
- Sudirin
- Supriyanto Atmojo
DUKUH KARANG
- Sukorejo
- Atmo Prayitno
- Wasdi
- Karyono PJ
- Anita Nurcahyanti
STAF PAMONG
- Djodi Karno
- Pawiro Rejo
- Warno Pawiro
- Adi Sentono
- Marto Sentono
- Lasiman
- Atemo Prayitno
- Jumali
- Watijo
- Sapar
- Fajar Eko Priyanto
- Budi Sukismanto
- Susanti Yuniawati
- Susanto
Pencarian
Sekilas Info!
Arsip Artikel
- Rapat Koordinasi TKPKal Kalurahan Jetis Perkuat Sinergi Penanggulangan Kemiskinan
- Empat Rumah di Kalurahan Jetis Terima Program RTLH Danais 2026
- WORO-WORO JETIS DUWE GAWE
- APEL PEMERINTAH KALURAHAN JETIS
- Pemerintah Kalurahan Jetis Laksanakan Kegiatan Peningkatan Kapasitas Kader
- PEMERINTAH KALURAHAN JETIS LAKSANAKAN APEL HARI SENIN
- APEL PEMERINTAH KALURAHAN JETIS
Komentar Terkini
-
Bayu
Salam Mohon ijin pinjam jalur, Min. Ada lokasi de...baca selengkapnya
02 Januari 2025 14:47:12 WIB -
Sapri
Cek sertifikat tkpk1...baca selengkapnya
12 Januari 2024 16:34:52 WIB -
Sunarmin
Mohon kepada Irda untuk pemeriksaan ke kslurahan ...baca selengkapnya
16 Juni 2021 09:25:06 WIB -
Bambang
Bagus...baca selengkapnya
06 April 2021 15:30:06 WIB -
Cyber 09
Hindari money politic Terima uang dan barangnya J...baca selengkapnya
05 Oktober 2018 01:55:26 WIB -
pargiyono
Kepada teman-teman KPPS agar bekerja dengan hatida...baca selengkapnya
29 September 2018 19:25:34 WIB -
g_cold
siiippp.......sik rajin gawe berita mas......!...baca selengkapnya
24 November 2016 08:27:26 WIB
ied mubarak
LAPORAN REALISASI APBKAL 2025
APBKAL 2026
LAYANAN PENGADUAN
You Tube
Statistik Kunjungan
| Hari ini | ![]() ![]() ![]() ![]() ![]() ![]() ![]() ![]() ![]() |
| Kemarin | ![]() ![]() ![]() ![]() ![]() ![]() ![]() ![]() ![]() |
| Total Visitor | ![]() ![]() ![]() ![]() ![]() ![]() ![]() ![]() ![]() |











